Kiye Amalan sing Ndadekna Adem Atine nang Wulan Mulud

ilustrasi wulan mulud/kimbene

Wulan Rabiul Awal yakuwe salah sijine wulan istimewa nang kalender hijriah. Nang wulan kiye Nabi Muhammad SAW dilairna, dadine sering disebut wulan Maulid Nabi. Nang wong Islam, momen kiye dadi wektu sing apik nggo ngakehi amalan ibadah sing ndadikna wujud cinta meng Rasulullah sekaligus ningkatna kualitas iman.

Ana 4 amalan sing dianjurkan nang wulan kiye diantarane:

Bacaan Lainnya
  1. Ngakehi Shalawat
    Allah SWT berfirman: “Sesungguhnya Allah dan malaikat-malaikat-Nya bershalawat untuk Nabi. Wahai orang-orang yang beriman, bershalawatlah kamu untuk Nabi dan ucapkanlah salam penghormatan kepadanya.” (QS. Al-Ahzab: 56). Maca sholawat dadi bentuk kecintaan meng Rosulullah SAW sekaligus nekakna rahmate Allah.
  2. Maca lan Mengkaji Al-Qur’an
    Rasulullah SAW bersabda: “Barang siapa membaca satu huruf dari Al-Qur’an maka baginya satu kebaikan, dan satu kebaikan itu akan dilipatgandakan menjadi sepuluh.” (HR. Tirmidzi). Tilawah lan tadabbur Al-Qur’an ulih dadi amalan utama nang wulan sing akeh berkah kiye.
  3. Nguatna Sedekah lan Amal Sosial
    Sedekah bisa rupa harta, tenaga, utawa ilmu. Rosulullah SAW uga ngimbau pentinge aweh pangan, mbantu fakir miskin, utawa nyantuni bocah yatim, mergane amalan kiye nggawa keberkahan nggo sing aweh lan sing nerima.
  4. Neladani Akhlake Rosulullah SAW
    Allah SWT berfirman: “Sesungguhnya telah ada pada (diri) Rasulullah itu suri teladan yang baik bagimu.” (QS. Al-Ahzab: 21). Neladani sifat jujur, amanah, sabar, lan welas asih ndadikna wujud nyata cinta meng Nabi.

 

Wulan Rabiul Awal dadi peluang ngapiki awak. Lan panggonan sing apik nggo nglakukna amalan sing ngawa keberkahan dunia lan akhirat. Karo ngakehi ngibadah lan tiru akhlake Rasulullah, pengarepane nggo nggelet ridone Gusti Allah lan syafaat Nabi nang dina mbesuk.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *